Translate

Friday, September 19, 2014

Obrolan Khas Suroboyoan "COK"

ala SUROBOYOan COK

*nang warkop*

- Tarjo : *bengok2* pri... supri !

+ Supri : onok opo su ?

- Tarjo : aku pesen banyu putih !

+ Supri : loh dungaren mek pesen banyu putih ?

- Tarjo : yo maksud'e engkok banyu putihe kek'ono gulo karo kopi sisan pri !

+ Supri : Gatelisasi,, garek ngomong pesen kopi ae atek ngomong pesen banyu putih !

- Tarjo : wes koen ojok ngomong ae, cepetan ndang gawekno su !

+ Supri : sek entenono 3 jam engkas !

- Tarjo : koen iku nggawe kopi opo katene luar kota, cek suwene COK 3 jam ?

Gak suwe akhire Paimo teko karo keringete gobyos kabeh, koyok mbari kejar2an karo asu !

+ Paimo : *mbengok* pri... aku pesen banyu putih pri !

- Supri : oke mo !

+ Paimo : ojok lali kek'ono gulo, teh karo es batu sisan pri !

- Supri : *mbatin* oh JANCOK, wedus albino cangkeme podo ae koyok cacak'e Tarjo !

Akhire Paimo cangkruk karo Tarjo !

- Tarjo : heee salep borok, mbari teko endi koen kok kemringet ngunu ?

+ Paimo : aku mbari dikejar bakul pentol jo !

- Tarjo : *penasaran* lah kok isok dikejar bakul pentol, emange koen mbari lapo ?

+ Paimo : aku mau katene tuku pentol tapi gak sengojo nyenggol saos, akhire saos'e numplek nang dandang kabeh !
terus bakul'e jalok ganti rugi, yowes langsung mlayu aku jo !

- Tarjo : Gatelisasi koen iku mo, untung mek dikejar thok, gak disiram banyu panas seng onok nang dandang'e !

Gak suwe Supri teko karo nggawakno pesenane Tarjo karo Paimo !

- Supri : hee rek tak kandani, koen eroh tah sekolah SMA seng cidek'e prapatan embong gede ?

+ Tarjo : oalah iyo, opo'o emange ?

- Supri : arek sekolah kunu sangar2, mosok sakbendino kerjone ngejak tawuran arek sekolah liyo !

+ Tarjo : halah tawuran iku biasa pri, koen eroh gak sekolahan SMA cidek'e pertigaan kampunge awak dewe iku arek2e malah luwih nemen nakal'e !

- Supri : emang nakal'e lapo jo ?
+ Tarjo : seng arek lanang'e tau konangan dadi maling nang kampung sebelah, seng wedok'e terkenal akeh seng podo meteng !

- Supri : wih sangar ngunu sekolahne !

+ Paimo : halah ngunu iku sek gak sepiro rek !

- Tarjo : gak sepiro udelmu sembujung iku COK !

+ Paimo : mbaringene tak ceritani, seng jenenge sekolah sangar iku yok opo !
*karo nyeruput kopine Tarjo*

- Tarjo : JANCOK iku kopiku su !

+ Paimo : sepurane keliru jo !
*karo pringisan*

- Tarjo : oh asu ancene, yowes cepetan ndang cerito su !

+ Paimo : koen eroh gak sekolahan seng cidek'e embong kali jagir ?

http://sd.keepcalm-o-matic.co.uk/i/raiku-ngguyu-atiku-kudu-ngaplok.png - Tarjo karo Supri : gak eroh ! emange opo'o sekolahne ?

+ Paimo : iku kabeh murid'e gak lanang gak wedok lek sekolah roto2 nggowo minuman kabeh, terus seng murid wedok'e kabeh lek sekolah gak tau gawe BH !

- Tarjo : Gatelisasi, parah COK sekolahne !

+ Paimo : seng paling parah maneh, guru wedok'e isok dicelok nang omah karo murid2e !

- Supri : wih berarti guru2ne bispak lak'an ?

+ Paimo : yowes ngunu iku rek, prihatin aku ndelok'e !

- Tarjo : emange jeneng sekolahane opo mo ?

+ Paimo : jeneng sekolahne
"TK. Kasih Bunda" rek !

- Tarjo : *sampek keselek tutupe kopi pas katene ngombe*
JANCOK your brain broken (utekmu remuk) iku mo, arek TK sakpancen lek sekolah mbontot minuman COK, karo wedok'e pasti gak beha'an kabeh su !

+ Paimo : westalah kopine disruput disek, cek gak salah paham !
*pringisan*

ADZAN

http://images.contentreserve.com/ImageType-400/2245-1/ACB/E58/31/%7BACBE5831-CD8C-4EC1-B6B3-8E7126907CCC%7DImg400.jpgSwasana kampung e Paijo ujug-ujug heboh, mergo wes jam setengah 1 bengi ngene ono sworo adzan seko Masjid.


Sworo adzan sing banter marake warga sing lagi penak penake turu mendadak podho tangi njuk podho marani asal usul sworo adzan mau, termasuk Pak RT Paijo.

Naliko Pak RT Paijo lan warga tekan ngarep lawang Masjid, weruh Dalang Pho sing nembe ae mateni sound system sing mau gawe Adzan.

Ho'oH,,,
Dalang Pho sing saiki umur 38 taon sing loro pikir(edan) mergo di tinggal Paijem tunangane jebul sing mau Adzan.

Pak RT Paijo njuk negor Dalang Pho.

Paijo : Kowe ki knopo tow Pho...??
bola-bali kumat edane,
kowe ngerti iki wes jam piro...??
Adzan kok jam yahmene,?
ora awit mau,,!!!

Joyo bekas preman pasar sing wes mulai insyaf lan mulai ngilangi tatto sing ning lengen nganggo setriko panas ugo melu negur Dalang Pho.

Joyo : Yen kowe edan, edano dewe Pho...
ora usah ngejak-ngejak...
ojo-ojo kowe wes melu aliran sesat sing saiki lagi usum-usum e..?
bahaya yen kampung iki ono wong sing melu aliran sesat,,!!!
HAH...!!!
(Karo nyilangke driji ning bathuk'e)

Warga sing rame ning kono njuk nyorak'i Dalang Pho.

"BOYO PANUAN...
IKI JAM PIRO,,!"

"BADAK SEMPAKAN...
OBATE NDANG DI OMBE KONO..!!"

"TAPIR ZIMBABWE...
YEN EDAN KI NING R.S.J"

Dalang Pho sing di hujat entek-entekan, karo tenang mangsuli

Pho : ..................
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
"MAU PAS ADZAN SHOLAT JUM'AT KOWE-KOWE ANTENG NING OMAH PURA-PURA ORA KRUNGU,,,
SAIKI AKU ADZAN JAM YAHMENE MALAH PODHO MORO NING MASJID,
BARENG-BARENG SISAN...
JANE SING EDAN KI SOPO,,,?!?
HAH,,,!!!!!??"

Akhire warga podho bubar dewe-dewe, termasuk Pak RT Paijo sing sumingkir mlipir alon-alon mulih.

=>>>>

PESEN MORAL :
Mending di cap edan nanging isih eling KEWAJIBAN,
timbang di cap WARAS jebul lali KEWAJIBAN.





BOROS

http://magelangimages.files.wordpress.com/2011/01/img_9908.jpgCRITane Paijo nduwe
bapak seng criwis jenenge Joyo.

Bengi kuwi Paijo diomongi bapake.

Joyo : le,,,
nyetel radio ojo banter-banter le...
boros battre..!

Paijo : iyo pak...!

**Paijo mateni radione, terus ning pawon arep mangan .

Joyo : le,,,
mangane sitik ae le...
pari regane larang...
boros beras..!!

Paijo : iyo pak ...!!

**Paijo langsung gak nafsu mangan, terus metu sedelok ning teras omahe.

Joyo : le,,,
ojo suwe suwe ning njobo omah le,,
masuk angin mengko...
boros obat..!!

**Paijo ngelus dodo, terus mlebu kamar.
Amargo hawane panas, Paijo nguripke kipas angin .

Joyo : le,,,
ojo suwe-suwe nguripke kipas angin le,,
bayar listrike mengko larang...
boros listrik..!!

Paijo : iyo,,iyo pak.!
( mulai gregeten)

Joyo : le,,,
awake bapak gatel kabeh le,,
tulung tukokne obat nyamuk ning warunge yu Paijem..!!

Paijo : iyo pak..!!

**Paijo terus mangkat ning warung, let sedelok wis tekan omahe maneh.

Joyo : le,,,
wes muleh soko warung le...
tulung bapak mu iki gawekno kopi...
ora usah legi-legi...
boros gulo..!!

Paijo : iyo pak.. .
Rewel ae,,
(mbatin)

**Let sedelok Paijo nggowo wedang kopi,
njur diwenehke Joyo bapake.

Joyo : #srutrruuuupppp.....
aahhhh.....
tumben seger le wedang gawenanmu,,,?

Paijo : ah ,mosok pak,,?
(karo mijeti sikile Joyo)

Joyo : iyo le...,
lho..ngomong-ngomong obat nyamuk sing kowe tuku soko warung mau nengndi,,,?

Paijo : .......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
WIS TAK CAMPUR NING WEDHANG KOPI,
BEN BAPAK ORA KAKEAN OMONG...
URIP SUWI-SUWI BOROS NYOWO,,!!!





TABRAKAN

http://magelangimages.files.wordpress.com/2011/01/img_9913.jpgIsuk mau Joyo mlayu banter banget..
Ora ndelokke ngarep, neng tikungan gang nabrak Paijo sing lagi mlaku alon..

GUBRAAAKK,,,,,,,!!

Wong 2 kuwi tibo klekaran neng dalan..

Paijo : "MUNYUK....!!
mlayu ra weruh dalan..!
Mripatmu neng dengkul po Joy,,,,??"

Joyo : (ngos-ngosan)
"aku lagi dioyak-oyak Joe..."

Paijo : "dioyak-oyak opo Joy...?"

Joyo : "anu,,,,,
.
.
Kucing.."

Paijo : "HAH,,,,,??
Kucing,,??
BEHAHAHAHA......
dasar wong pekok..
karo kucing kok wedi.."

Joyo : "tapi Joe,.
neng mburine kucing kuwi ono KIRIK jal...!!
aku wedi tenan.."

Paijo : "Lha nek kirik memper nek wedi..
Tapi yo ra perlu ngos-ngosan ngono tow...?"

Joyo : "iyo....
tapi neng mburi kirik mau ono TUKANG KREDIT Joe..
Melu ngoyak-oyak aku.."

Paijo : "halah..
Kan iso disemayani.."

Joyo : "iyo Joe..
Tapi neng mburine tukang kredit kuwi ono SING DUWE KONTRAKANKU nagih sewan kamar wes telat setahun..
Galak tenan wonge.."

Paijo : "wah..
Ngawur kowe Joy..
mburine gek ono maneh pora kuwi,,,?"

Joyo : "ono Joe..
MOROTUWOku..
aku mung takon kapan warisane dibagi..
Lha kok nesu..
aku dioyak-oyak arep dipateni..!!"

Paijo : "Mahoahahaha......
Mantu edan tenan..
Tapi aku iseh penasaran Joy..
Sing mburi dewe ngoyak-oyak kowe sopo yo,,?"

Joyo : "ooh.. Kuwi..
Sing mburi dewe ngoyak aku ki...
BOJOMU Wang Markonah Joe..!!
Muehehehehe........."

Paijo : "lho,,,,,??
Kok iso bojoku Markonah melu ngoyak-ngoyak kowe,,??
CRITane kepiye Joy,,??"

Joyo : "ngene Joe,,,
CRITane mau pas aku dioyak-oyak kewan lan wong-wong kuwi, aku mlayu lewat omahmu..
lha bojomu isih nyapu latar..
Trus bojomu...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...tak AMBUNG seko mburi..
Eh bojomu nesu karo muni-muni trus melu ngoyak-oyak aku karo nggowo sapu...
Muhuhehehehe......
Aku tak mlayu maneh yo Joe,,,,?"

*Paijo melu ngoyak Joyo






Thursday, September 4, 2014

Banyolan Jowo - Paijo 18++

http://coretanekodeby.files.wordpress.com/2011/10/ayo-ngguyu.jpgIki crito 18++..
tulung ojo ditiru kelakuane Paijo karo Paijem nang crito iki..

Saknaliko malem minggu kuwi Paijo lagi pacaran karo Paijem neng kebon sing peteng adoh seko pomahan..
ckckck....

Paijem : aduh maaas...
Alon-alon to...
(karo nyengir)

Paijo : santai ae dek..
Nek urusan iki,. mas Paijo wes pengalaman,.
Muehehe...

Paijem : iiihh... Mas Joe nakal...
xixixi....
(karo njiwit Paijo)

Paijo : kene gantian mas sing nduwur dek..

Paijem : iyo mas..

Paijo : lunyu temen yo dek,,??

Paijem : mulakno ojo kesusu mas..
Kuwi lho, kringetmu akeh mas..

Paijo : iyo dek.. Ora popo.. Tapi..
Awakmu kok wani koyo ngene iki opo ora wedi dek??

Paijem : sakjane aku wedi mas..
Nek konangan wong tuwaku, aku iso dipecat dadi anak mas..
Hiks..... Hiks......
(mewek)

Paijo : cup.. cup....
Ojo nangis to dek...
Kan ono mas Paijo neng kene..

Paijem : iyo mas..

Paijo : ..umpomo ono opo-opo..

Paijem : iyo,,,,,?

Paijo : aku bakal tanggung jawab..

Paijem : tenan yo mas..??

Paijo : iyo dek....
Aku kan sayang karo dek Jem,.

Paijem : aku yo sayang karo kowe mas..

Paijo : hehehehehe....
Trus iki arep dilanjut po ora dek,,??

Paijem : dilanjut ae mas..
Mumpung sepi.. ra ono wong lewat..
xixixixi....

Paijo : wow.....
Iki gede bunder opo sih,,??
Jal tak emute....
Muahahaha..!!

Paijem : aaahhhhhh......
Mas Joe kesuen..!!
Cepet tow..
Ben ndang rampung iki....
Ayo tow.......

Paijo : yo wes.. Ayo ndang....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...diwadahi karung PELEM-E kuwi dek..
selak konangan sing nduwe kebon..!!

Paijem : tapi mas...???

Paijo : opo maneh dek,,??

Paijem : kiro-kiro sing moco iki podho kapusan po ora yo,,,??

Paijo : mugo-mugo ora dek..
Paling yo muni-muni neng komen...
gkgkgkgkgkgk.....

Wednesday, September 3, 2014

*Chatting*




CRIIIITane Paijo lagi ning warnet njuk chattingan karo cah wedhok sing jenenge Paijem.

Paijo : Aduh Dik... poto mu ayu teniiiiiiiin... persis koyok Aura Kasih... marake ati ku rontok,
muehehee....

Paijem : (mesem siseh)

Paijo : Iku asli opo sotoshop Dik...???

Paijem : Asli lah mas.... sorry lah yaaau,,, ora lepel sotoshop'an!!!

Paijo : Opo kae yo dik sing lagi ngetren, kamera 360..??!

Paijem : Hooooeeekk... opo meneh kui mas, Ora lepel bingiiiiitt..!!!

Paijo : Umpomo aku duwe pacar koyok kowe, bakal tak adolke Prapatan gawe ngrabi pean Dik...
ahihihii......

Paijem : Hmmmm....
eekh mas, poto GENK mu jebul ugo ganteng ganteng yo...

Paijo : Biasa wae kok dik... iku ugo poto asli...

Paijem : Pojok paling kiwo mas... mirip Ariel Noah...

Paijo : (mbenake krah)

Paijem : Wuuuihhhh... nomer 2 seko kiwo mas, mirip banget karo Pasha Ungu

Paijo : (mlintir brengos)

Paijem : Pojok paling tengen mas... mirip Al Ghojali...

Paijo : (mbenerke untu)

Paijem : Nomer 2 seko tengen mas.... ckckckckk.... mirip bingiiiiiitt karo Vino G Bastian...
xixixixixii.....

Paijo : (jungkatan)

Paijem : Aduuuh masss.... sing paling tengah....
ahihihiii.....
persis banget karo Raffi Ahmad

Paijo : (ngukur brewok)

Paijem : Ngomong ngomong kowe sing sebelah endi mas...???
Paijo : Anu Dik.........
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
"AKU SING MOTO....!!!"

Paijem : *Gubrraaaakkk @#%*/-()(+-/*&%%#@&*/